1.
Ani-ani menika satunggalipun lading alit kagem manen pari.
Mawa ani-ani tangke bulir pari diiris setunggal-setunggal, dadosipun proses punika mbetahaken kathah pedamelan kaliyan wekdal, ananging keuntunganipun inggih punika, benten kadosta arit,
mboten sedoyo
tangke kairis. Dados
bulir ingkang dereng
kuning mboten tumut kairis.
2. Arit menika piranti damelan pandhé, ingkang wujudipun
nyantuk utawi
mbéngkong. Wonten basa
indonésia kethenger sabit. Bahan utamanipun saking wesi utawa waja ingkang
dipepeh klenyeh wonten pangobongan pandhé kaliyan dipuntipisaken ngagem palu.
Landhepé wonten ing canthukan wiwit saking pucuk ngantos ngisor caket tanganan
lan babagan kang ngisor kanggo mbebacok, nenegor, golèk siket (ing tlatah jawi)
3. Pacul kalebet salah satunggaling alat utawa
piranti tradhisional ingkang dipunagem wonten
pertanian. Pacul dipunagem kgem ndhudhug lemah, kagem ngresiki lemah
saking suket utawi kagem ngratakaké lemah.
4. Waluku utawi wluku utawi luku menika
satunggaling piranti wonten bidang tetanduran ingkang dipunagem kagem
nggemburaken lemah saderangipun tandur kaliyan sebar winih.
5. Gerejag menika piranti ingkang dipunagem para petani nalika
nembe panen wonten sawah, piranti dipunagem kangge ngluari wiji pari saking tangkenipun.
GUNANE ALAT TETANEN MODERN
1. Traktor menika
piranti tetanen modern ingkang sami kegunaanipun kaliyan waluku utawi luku.
Traktor dipunagem kagem nggemburaken lemah saderangipun tandur
kaliyan sebar winih.
2. Dryer utawi
mesin kagem nggaringke, dipunagem kangge nggaringke gabah, jagung, kedele, lsp.
Ing jaman mbiyen nggaringke gabah mboten ngagem mesin, ananging dipunpepe.
3. Air Sprayer
menika alat kagem ngilangaken hama, obat kang dipunagem saking bahan kimia.
Dados mboten ramah lingkungan,bisa ngrusak lingkungan kewan-kewan alit ingkang
mboten ngganggu tanduran punika inggih tumut mati. Ing jaman mbiyen mboten
wonten air sprayer nanging dhek jaman biyen ngusir hama ngagem obat kang alami,
kadosta ngagem kapur sirih.
4. Bajak piring
inggih menika kagem ngolak-alik lemah, gunanipun sami kaliyan luku.
5. Seeder menika
yaiku mesin ingkang kagem ndelehake wiji ingkang badhe di tandur. Petani mboten
perlu ndelehake wiji kang badhe di tandur ngagem asta setunggal mbaka stunggal.
Menawi ngagem alat menika langkung cepet.
















